Kamis, 31 Januari 2008

Guru

Rabu, 30 Januari 2008, Badan Narkotika Kabupaten Wonosobo nganakake razia pelajar maring sekolah-sekolah, pusat perbelanjaan karo tempat-tempat umum. Awale, sing digoleti yo narkoba. Hasile, ditemokna gambar karo film adegan porno ponsele pelajar. Ora mung nang HPne bocah sing wes SMA, tapi HPne bocah SMP yo isine wes gambar karo film2 ngono kuwe.
Bocah2 sing keno razia mau njuk dicatet jenenge lan sekolahe terus dilaporke maring kepala sekolahe dewek-dewek ben diwenehi pembinaan.
Nyong njuk mbayangake, nek bocah SMP kuwe mau di bina karo guru-gurune mergane ponsele ono gambar karo film sing "uhui", opo yo gurune kudu iso ngilo ndisik wae. Sewulan kepungkur, ana kanca guru sing nuduhake ponsele (type N) sing isine film (formate *.3gp) sing adegane marai nyong pengen cepet2 bali ngumah !. Walah.... mulane njuk siswane podo tiru... lawong guru kuwe "digugu lan ditiru".
Jan2ne, sertifikasi profesionalitas guru (include tunjangan profesional sing gedhene 100 % kali gaji pokok !) pancen penting kanggo memotivasi kinerja guru. Nanging sakdurunge apike guru2 kudune nduwe sertifikat moral sing apik.
Nanging, ora kabeh guru koyo kancane nyong mau kae kok. Isih akeh (woco : isih ono) guru sing apik...sing pancen nduwe sertifikat moral sing iso dipertanggung jawabke maring Gusti Allah.
Nyong dewek yo mbiyen dadi guru SMA limang taun lawase... opo mergane nyong morale durung memenuhi standar po yo ? njuk Gusti Allah nggariske nyong ditompo PNS non guru.... kayane ho -oh jah !

tulisan iki didedikasikan kanggo ibune nyong sing wes mengabdi 40 tahun dadi guru SD ....katur sungkem kagem ibu !

Tidak ada komentar: