Senin, 07 Januari 2008

....Alam dudu warisane mbah kakung.. alam kuwe titipane anak putu... !


Wonosobo.. wes pirang2 ndino iki udane nduressss banget.. kadang seko isuk wes udan... bresss...bress....
Akibate.. dalan2 banjir.. banyu seko selokan mbludak maring ndalan gedhe.. akhire dalane akeh sing rusak... ngko nek dalane rusak banjur podo rame2 ngajokake usulan perbaikan dalan..nek usulane rung direalisasi banjur rame2 demo.. jare kurang digatekake...oalah.. wong kok ya pada kaya kuwe !
Padahal... rusake dalan kuwe (sebagian gedhe) disebabake selokane ra lancar.... banyune mbludak maring dalan... selokane ora lancar mergane kebek sampah....lha sing mbuang sampah maring kono sopo nek dudu awake dewek ha ? Padahal tiap 100 meter nang pingir dalan wes dipasangi tempat sampah seko drim (wes ono sing dicolongi njuk di kilokake barang).....
Nek nyong kayane isih "kabotan" mbahas gas emisi, rusake lapisan ozon utawane green house efect.... sing rada cepak bae.. wes tau krungu nDieng banjir ? kayane pada gumun jah.. nek nDieng kok banjir... tapi kuwe wes kedadean kiro2 setaun kepungkur... sebabe sederhana bae : wit2tane wes pada entong...gundul ceprul.. pada diketoki .....ana sing digareng (pembalakan liar).. ana sing ditanduri kentang...padahal sing jenenge penyuluhan pentinge hutan kayane ya ora tau telat.... pancen dasare pada ndableg..
Sing kena dampak paling gedhe bab gundule nDieng ya PLTA Mrica.. mergane saiki sedimentasi-ne wes tekan tahap parah ! pendangkalan ! (wuihh.. bahasane !) suwe2 efeke nang kurane pasokan tenaga listrik...
Sing dadi kata kunci (lawang kali yeeee...) KESADARAN !
Siki akeh wong pada cuek (cuek.. dondomi !) ora urusan maring sepada-pada... masa bodowa...jidor !...lha nek wonge pada kaya ngono kabeh njuk prige jal ?
....Alam dudu warisane mbah kakung.. alam kuwe titipane anak putu... !

Tidak ada komentar: