Selasa, 25 Maret 2008

Wonosobo Undecover (versi boso Wonosobo)


Jaman nyong isih SMA mbiyen...nek ono bocah mlaku berdua karo pacare banjur ketemu kancane.. mesti disuraki.. dipoyoki.... njuk isin......Lha saiki... bocah SMP wae nek pacaran boncengan nempel kraket koyo ampal malah wong tuwane bangga.... "kae lho anakku saiki wes nduwe pacar...." duh jan......ndonya..ndonya.. nyong sing katrok opo pancen jamane sing kecepeten... (kecepeten le mundur....).
Jan2ne sih dudu urusane nyong arep podo pacaran model koyo opo wae....sak karepe.... nanging banjur marakake risih sing nyawang.. sing nyawang malah isin.. sing nglakoni kok ra nduweni isin.... mbok yo nek arep koyo ngono nang tengah alas kono...(he..he..he..ben koyo munyuk sing ra nduwe aturan.. ra nduwe norma...).
Coba.. nek podo kundhur Wonosobo.. podo nyela'ake mampir nang gedung Adipura Kencana pas malem minggu...nang bagian mburi.. akeh tontonan "xxx" gratis....nek ngono kuwe nyong banjur ngelus dodo (dodone dewek lho... !). Sing parah maneh.. (jare koncoku sing wes tau nonton "xxx" gratis kae mau..) awan2 ! ... nganggo sragam SMA !.. nang WC Adipura Kencana lagi "show time" karo yange.. !!!! duh jan......ndonya..ndonya.. nyong sing katrok opo pancen jamane sing kecepeten... !!
Nyong dewek dudu "anak baik-baik" dosane yo akeh... tapi nek pancen arep podo "xxx" mbok yo ojo nang tempat umum.......sukur2 malah ojo podo koyo kuwe.... tobat le ! tobat ! Nyong dewek yo ora arep nyalahake sopo2.... ora arep nyalahake acara TV... ora arep nyalahake Gurune.. ora arep nyalahake wong tuwane... ora arep nyalahake jamane...sing genah salah yo sing nglakoni kuwe......!!!!
Sing jelas... bocah SMA saiki karo bocah SMA jaman mbiyen pancen bedo.... Bedane :"Bocah SMA jaman saiki yo isih SMA.. isih sekolah.... Nek bocah SMA jaman mbiyen saiki wes ono sing dadi Pegawe.. wes ono sing dadi Presiden... wes ono sing nduwe putu wes ono sing sedo barang...he..he..he.."

(sudah pernah saya posting di http://groups.yahoo.com/group/alumniwsb/)

3 komentar:

RinaFitri mengatakan...

hah?! serius mas!? waaaaaaaaaaaa.. serem bgt de.. berarti aku alim..

Anonim mengatakan...

lah foto neng duuwur umahe nyong............meneng-meneng wae!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!!
yo....mbarang wes jamane, prige maneng si..........
mugo-mugo nyong ora kaya kuwe wong pacare minggat.......................!!!!!!!!!!!!!zn

Anonim mengatakan...

sayang yo ..... kangen wonosobo ki...hiks...hiks...hiks.....