Minggu, 14 September 2008

Wonosobo Saiki!

Sugeng siam kagem konco-konco asal Wonosobo sing lagi podho nang paran. Koyo taon-taon sedurunge, nyong arep ngabarake kahananWonosobo ngetebhi sampeyan-sampeyan podho balek kampung. Ben ora podho kaget, ben ora podho gumun!
Wonosobo ngarepake bodho koyo biasane, rame! Sing istimewa nan taon iki yoiku dalan-dalan utama wes dadi alus. Kabeh wes hot mix. Kayane ora ono dalan njero kota sing aspalane isih nganggo penetrasi.
Cobo ngesuk anger podho bali mesti podho seneng. Dalan Bhayangkara (ngarep POLRES) wes alus, dalan Muntang seko prapatan nJuritan tekan Dieng titer wes alus, dalan R. Sumendro wes alus, dalan Kasiran tekan Sambek wes alus, dalan Lingkar Selatan (makam pahlawan) wes alus, dalan P. Ronggolawe (ngarep mie ongklok mbak umi wes dadi alus lan sak panunggalane.
Dalan-dalan kuwe dibangun nganggo duwite rakyat sing gedhene nganti satus miliyar gelo luweh termasuk dalan-dalan ndeso. Mulane ngesuk angger podho bali wes iso nglenther nunggang mobil utawa sepeda motor! wes ora koyo liwat kali asat.
Sing istimewa, nang Tembelang ono jembatan anyar sing dibangun nganggo dana APBN kurang luweh enem miliyar gelo sing rencanane iso digunakake mulai tanggal siji syawal.
Nangnging, menawa sampeyan podho dolan nang alun-alun, saiki lagi didandani maning. Dipacaki ben maer. Sukete diganti nganggo suket gajah mini (wes gajah, isih nganggo mini). Diasang sub drain utawa drainase ngisor lemah sing maer ben ora becek (gak ada ojek) karo ditambahi lapangan voli, basket lan sepak bola mini.
Mulane sedulur... ndang podho kundhur, nyawang Wonosobo saiki sing tambah maer. Nuwun!