Minggu, 24 Agustus 2008

Tanggap Warsa

Pitulasan mengeti dino kamardikan Endonesiya rame koyo biasane. Nang Wonosobo koyo taon-taon sakdurunge rame. Pitulasan taon iki mengeti tanggap warsane Endonesya sing ping sewidak telu meh bareng karo tanggap warsane Wonosobo sing ping satus wulung puluh telu tanggal 24 Juli 2008. Dadine Wonosobo ramene ora jamak!. Kegiatan rame-rame wes mulai awal sasi Juli 2008. Taon iki pancen pengetan kamardikan karo tanggap warsane Wonosobo didadekake siji ben ngirit jarene.
Ono "Festival Balon Tradisional" nang alun-alun sing dianakake dino Ahad, 21 Juli 2008. Walah ramene pol! alun-alun dadi koyo laut menungso, gedhe-cilik, nom-tuwo, lanang-wedok (banci barang yo nono!) tumplek dadi siji. Bubar acara bur balon, njuk ono acara MTQ sak Jawa Tengah nang Wonosobo karo "Kirab Hari Jadi Wonosobo". Rampungan acara MTQ-an lha molai acara 17an. Koyo biasane, nang kampong-kampong podo masang umbul-umbul, ronce-ronce, karo gendero abang putih molai tanggal 14 Agustus (Hari Pramuka). Nang alaun-alun ugo dianakake Wonosobo Expo sing isine wong dodolan klambi thok. Ora lali, wes dadi kebiasaan saben taon-e, nang kampong-kampong nganakake lomba-lomba, ono lomba pucangan, lomba mangan krupuk, lomba alapan karong, lomba gapyak, bal-balan nganggo sarung, badminton, voli nganggo bal plastik tangan siji, lomba cerdas cermat, lomba karaoke, jalan sante karo pentas seni. Puncake lomba, ono Pesta Rakyat nang alun-alun sing dianakake karo salah sijine bank pemerintah. Tanggal 17 koyo biasane yo upacara mengeti Bung Karno pas moco naskah Proklamasi sewidak telu taon kepungkur. Sedino sak wis e upacara 17an ono karnaval keliling kota. Sayange ora koyo jaman nyong isih cilik mbiyen, nek karnaval rame banget, karnaval sepuluh taon iki wes ora patio rame maneh.
Puncake acara, tanggal 21 Agustus wingi ono konser LETTO nang alun-alun. Walah ramene. Mbuh alesane opo kok sing diundang ngisi konser grup LETTO seko Jogja. Opo mergane gitaris e Patub karo drumer e Dhedot (kakang-adi) mbahe asli Ngasinan Wonosobo? biso ugo. Taon wingi sing maen nang konser grup Sheila on Seven sing gitarise Sakti mbahe yo nang Asli Permai Wonosobo. Nek koyo ngono banjur taon ngarep sopo yo kiro-kiro grup band sing gitarise seko Wonosobo maneh?
Yo mugo-mugo pengetan tanggap warsane Wonosobo sing kaping satus wulung puluh telu karo pengetan tanggap warsane Endonesya sing kaping sewidak telu iso dadi pengetan kanggo masyarakat Wonosobo ben kota cilik iki iso aman, tentrem, gemah ripah loh jinawi, ora ono rubedo adoh seko nir sambe kolo. Amin! Merdeka!
Sugeng tanggap warsa Wonosobo... Endonesya!

Sabtu, 16 Agustus 2008

TUGAS DRAINASE PERKOTAAN MHS SMT VI DAN TRANSFER

Silakan masukkan hasil pekerjaan anda disini! Paling lambat tanggal 13 September 2008. Terima kasih!